www.freewebsubmission.com


Submit Your Site To The Web's Top 50 Search Engines for Free!
Sonic Run: Internet Search Engine

Selasa, 23 November 2010

Rumekso ing Wengi

Kidung ini adalah karya Sunan Kalijogo. Yang sarat dengan nilai2 Islam. Bagi orang jawa, kidung ini dianggap semacam mantra utk terhindar dari segala bahaya.


Ana kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputa ing lara
luputa bilahi kabeh
jim setan datan purun
paneluhan tan ana wani
niwah panggawe ala
gunaning wong luput
geni atemahan tirta
maling adoh tan ana ngarah ing mami
guna duduk pan sirno

Sakehing lara pan samya bali
Sakeh ngama pan sami mirunda
Welas asih pandulune
Sakehing braja luput
Kadi kapuk tibaning wesi
Sakehing wisa tawa
Sato galak tutut
Kayu aeng lemah sangar
Songing landhak guwaning
Wong lemah miring
Myang pakiponing merak

Pagupakaning warak sakalir
Nadyan arca myang segara asat
Temahan rahayu kabeh
Apan sarira ayu
Ingideran kang widadari
Rineksa malaekat
Lan sagung pra rasul
Pinayungan ing Hyang Suksma
Ati Adam utekku baginda Esis
Pangucapku ya Musa

Napasku nabi Ngisa linuwih
Nabi Yakup pamiryarsaningwang
Dawud suwaraku mangke
Nabi brahim nyawaku
Nabi Sleman kasekten mami
Nabi Yusuf rupeng wang
Edris ing rambutku
Baginda Ngali kuliting wang
Abubakar getih daging Ngumar singgih
Balung baginda ngusman

Sumsumingsun Patimah linuwih
Siti aminah bayuning angga
Ayup ing ususku mangke
Nabi Nuh ing jejantung
Nabi Yunus ing otot mami
Netraku ya Muhamad
Pamuluku Rasul
Pinayungan Adam Kawa
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadya sarira tunggal


Terjemahan dalam bahasa indonesia:

Ada kidung rumekso ing wengi.
Yang menjadikan kuat selamat terbebas dari semua penyakit.
Terbebas dari segala petaka.
Jin dan setanpun tidak mau.
Segala jenis sihir tidak berani.
Apalagi perbuatan jahat.
guna-guna tersingkir.
Api menjadi air.
Pencuripun menjauh dariku.
Segala bahaya akan lenyap.

Semua penyakit pulang ketempat asalnya.
Semua hama menyingkir dengan pandangan kasih.
Semua senjata tidak mengena.
Bagaikan kapuk jatuh dibesi.
Segenap racun menjadi tawar.
Binatang buas menjadi jinak.
Pohon ajaib, tanah angker, lubang landak, gua orang, tanah miring dan sarang merak.

Kandangnya semua badak.
Meski batu dan laut mengering.
Pada akhirnya semua slamat.
Sebab badannya selamat dikelilingi oleh bidadari, yang dijaga oleh malaikat, dan semua rasul dalam lindungan Tuhan.
Hatiku Adam dan otakku nabi Sis.
Ucapanku adalah nabi Musa.

Nafasku nabi Isa yang teramat mulia.
Nabi Yakub pendengaranku.
Nabi Daud menjadi suaraku.
Nabi Ibrahim sebagai nyawaku.
Nabi sulaiman menjadi kesaktianku.
Nabi Yusuf menjadi rupaku.
Nabi Idris menjadi rupaku.
Ali sebagai kulitku.
Abubakar darahku dan Umar dagingku.
Sedangkan Usman sebagai tulangku.

Sumsumku adalah Fatimah yang amat mulia.
Siti fatimah sebagai kekuatan badanku.
Nanti nabi Ayub ada didalam ususku.
Nabi Nuh didalam jantungku.
Nabi Yunus didalam otakku.
Mataku ialah Nabi Muhamad.
Air mukaku rasul dalam lindungan Adam dan Hawa.
Maka lengkaplah semua rasul, yang menjadi satu badan


Sugeng pepanggihan, salam taqlim ndherek tepang…
Amergo budoyo jowo sampun kathah ingkang nglerwakaken, kepareng kaulo ngaturaken webblog climen, mugio saged panguningan, amargi meniko salah sawijining budoyo kang adhiluhung ananging kathah saking tiyang jawi piyambak sampun kesupen saking jawinipun, wonten ing kalodangan puniko keparengo kaulo saged ndherek angudhari sakkathah-kathahipun bab ingkang magepokan karananing Jowo utawi Jawa niki wou.
Inggih sampun makaping-kaping poro pinisepuh anngenipun nularaken babagan Jowo ananging taksih kathah ingkang dereng mangertosi punopo kemawon ingkang kaemot wonten ing saklebetipun puniko wou.
Donga jurung pamuji pangestu soho pambiyantunipun Pinisepuh,  sedherek Kakung Putri, utami kadang Kaneman panguri lan penerus budoyo saestu kulo suwun kagem majenngipun lembar web puniko.
Suwun…
http://kawruhjawi.wordpress.com/
http://larassejati.multiply.com/ 

1 komentar:

  1. menawi mboten saget medaraken serat,sampun mekso,amargi serat puniko lebet sanget artosipun,dados mboten kados gotak gatik matuk kawaos.nuwun sewu

    BalasHapus