www.freewebsubmission.com


Submit Your Site To The Web's Top 50 Search Engines for Free!
Sonic Run: Internet Search Engine

Minggu, 21 November 2010

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.[1]

Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.[8]

Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé.[13]

Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.[14]

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar