www.freewebsubmission.com


Submit Your Site To The Web's Top 50 Search Engines for Free!
Sonic Run: Internet Search Engine

Sabtu, 20 November 2010

Syukur karananing segelas toya

Kultum Bahasa Jawa






Bismillahirrohmanirrohim..  


Assalamua’alaikum Wr Wb


Bapak2 ibu2 sedherek2 jama’ah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken, monggo kultum ingkang sekedap puniko sareng kito bika kanthi waosan Basmallah sesarengan.
Sepindah monggo Bapak2 ibu2 sedherek2jama’ah masjid Al-Huda I kaulo dherekaken tansah ngaturaken raos syukur kulo panjengan sami inggih dugi wekdal sakmeniko taksih dipun paringi kasehatan karunia Iman soho Islam sahinggo saged hangrawuhi jama’ah Sholat Isya’ lan insyaAllah sholat Traweh kanthi kahanan ngremenaken, Inggih sedoyo pujo lan puji namung kagunganipun Allah SWT, Sholawat sarto salam kagem junjungan kita Nabi Besar  Muhammad SAW.
Wonten ing kasempatan puniko kepareng dalem ngaturaken sekedik “Bab Raos Syukur Wonten Ing sakgelas Toya”

Jama’ah Masjid Alhuda I Rohimakumulloh,
Kados2 ingkang sampun asring di pun sampekaken bilih Allah mrintahaken titahipun/kulo panjengan sami supados nglampahi siam puniko mboten sanes nggadahi maksud lan tujuan kulo panjenengan puniko sakmangke sagedto mencapai Drajad Taqwa, salah setunggilipun ciri taqwa puniko bersyukur dumateng Allah SWT.
Kathah tiyang meniko kerso syukur menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko kathah, semanten ugi menawi nikmat ingkang dipun raosaken meniko sekedik utawi alit jarang tiyang ingkang saged mensyukuri nikmat puniko, Padahal sakyektosipun mboten onten nikmat alit, sekedik sangking Panjenenganipun Allah SWT, inggih namung pengertosan tiyang puniko sahinggo nikmat ingkang sampun diparingaken puniko mboten dipun syukuri.

Salah Satunggalipun cerita hikmah:
Suatu ketika Sohabat sedang duduk di rumahnya, tiba-tiba datang temannya mengeluh dan meminta pertolongan.
“Wahai Sohabat,”
kata orang itu. “aku memiliki rumah yang sempit, aku tidak kerasan tinggal di rumah tersebut. 
Tolong aku agar rumahku menjadi luas,”
Kemudian Sohabat menyuruh orang itu pulang dan memasukan 5 ekor kambing ke dalam rumahnya.
Besoknya orang itu datang lagi dan berkata, 
“wahai Sohabat, rumahku menjadi tambah sempit karena kambing-kambing itu”
Kemudian Sohabat kembali menyuruh orang itu pulang dan menyuruhnya memasukan 5 ekor unta. Dengan wajah penuh keheranan orang itu pulang dan menuruti apa yang suruh Sohabat.
Besoknya orang itu kembali lagi dengan wajah sangat marah.
“ Sohabat, sekarang aku tidak bisa tidur, kulo kesok-sok kaliyan mendo lan onta. Aku hanya bisa berdiri mematung di tumahku,”
“Pulanglah,” jawab Sohabat. “Lalu keluarkan semua binatang ternak itu dari rumahmu.
Besoknya orang itu kembali dengan wajah berseri-seri, “Alhamdulillah, sekarang rumahku menjadi sangat luas sekali, aku bisa tenang tiduran dan melakukan apapun di rumahku,” kata orang itu dengan penuh semangat.

Padahal rumahnya tak berubah, apalagi bertambah luas secara fisik dari sebelumnya.
Lhah! lantas punopo Relevansinipun/hubunganuipun crios niki wou kaliyan wulan romadhan puniko?
Makaten, Kanthi Ramadhan Allah tansah membimbing, mendidik kulo panjengan sami ing tembe sakalangkung pinter anggenipun mensyukuri nikmattipun ingkang sampun diparingaken puniko. Segelas, utawi bergelas-gelas toya ingkang dipun unjuk sabendinten jarang bahkan wonten ingkang dereng ngakeni, nopo maleh malah dereng mangertosi bilih Toya niki wou salah satunggilipun nikmat Allah ingkang ageng, kathah, soho bermanfaat. Ananging wekdal nepaki ngelak ingkang sanged2, satunggal gelas toya pethak kemawon kulo panjengan sami saged ngraosaken dospundi nikmatipun, padahal ing dinten2 selain Romadhan kito asring ngremehaken nikmat Allah saking setunggal gelas Toya pethk puniko.

Bapak2 ibu2 sedherek2 jama’ah isyak lan traweh ingkang kaulo mulyakaken,
Lajjeng dos pundi anggenipun bersyukur dumateng Allah SWT?
Poro alim ngendikakaken3 cara bersyukur dumateng Allah:
1. Bersyukur ngagem weningipun batos(menawi tiyang sampun saged nglaksanaken puniko Tamtu mboten bakalan sakmangke maiben utawi ingkar saking nikmatipun Allah)
2. Bersyukur ngagem ucapan, lidah ingkang biasa melafaskan kata2 saged ngungkapaken ungkapan2 utomi sarono mujudtaken raos syukur kito, Subhanallah 10 kebaikan, lailla ha illlah 20 kebaikan, Alhmdulillah 30 kebaikan
3. Bersyukur ngagem perbuatan, perbuatan ingkang bisa kito laksanaaken mboten liyo mboten sanes kagem hal2 ingkang positif, ingkng sae, ingkang bermanfaat. Menurut Imam Al-Ghozali wonten pitu anggota badan ingkang kedah dipunmaksimalaken kagem bersyukur. Antaranipun, 1mata, 2telinga, 3lidah, 4tangan, 5perut, 6kemaluan, dan 7kaki.

Mugi kanthi Romadhn puniko sagedto ndadosken shahruttarbiyah utawai bulan pendidikan ingkang ndadosaken kulo panjengan sami insan ingkan tansah saged lan langkung pinter bersyukur dumateng Allah SWT sae wonten ing lahir ugi wonten ing batin.
Makaten pengaosan sekedik sangking kawulo, sakderengipun dipun tutup kepareng kaulo ngumumaken petugas takjil, Petugas Kultum kagem mbenjing tanggal 14 Agustus 2010
Makaten isian saking kulo, wonten lepatipun nyuwun agunging pangaksami, wabilattaufiq wal hidayah, warridzo wal innayah,

Wassalamualikum Wr Wb

3 komentar:

  1. matur nuwun sedrek ingkang ndamel kultum kulo nderek copy nggiiiiih

    BalasHapus
  2. matur nuwun sedrek ingkang ndamel kultum kulo nderek copy nggiiiiih

    BalasHapus
  3. Nuwun sewu, kulo ugi nderek copy njeh ...

    BalasHapus